Friday,9 May 2008...9:48 pm
Italiano, Français, und Basa Jawa
Aku duwe kanca sing kedananan pol-polan karo opo wae sing mambu Itali. Ngombe bir yo kudu Peroni-Nastro Azuro. Mangan senenge pasta, lasagna, pokoke sing marahi sebah ning weteng. Motor yo kudu vespa, tapi nek vespa tuwo koyo nggonku kae alergi. Nek ono kancane ngomongke bab Itali dewekke ora keno kecer.
Ono meneh kancaku sing kedanan Perancis. Amargo biyen wis tau manggon ning Paris wis rumongso atine nyanthol ning Paris. “Pokoke sakdurunge mati kudu ngambah Perancis meneh” jare bocah kancaku kuwi. Lha tujune ki bocah iki karo bocah sing kedanan Itali mau podo-podo ora ngerti basa Jawa. Cocok tenan iso dirasani.
Dudu karepku dadi rasialis opo meneh chauvinis, tapi opo bathine mbanggakke budayaning liyan. Pancen nek gelem blaka ngaku kabudayan Jawa isih ono kurange yen dibandingke karo misale Itali. Tapi yo iki kabudayane awake dewe, durung apik tapi awake dewe iso gawe apik. Nanging ono sing gawe aku rada bungah. Jebul basa Jawa kuwi luwih akeh penuture ketimbang Perancis opo Italia. Lha dadi sigrak semangat 45 to ngomong Jawa, mangan tempe, nyandhang batik, ngalaras campursari, lan sakpiturute. Iki daftare bebasan urut seko cacah penutur:
| List of most spoken languages | ||
| Ranking by number of native speakers | Language | Number of speakers |
| 1 | Chinese | 1,205m (1999) |
| 2 | Spanish | 322.3m (1995) |
| 3 | English | 309.4m (1984) |
| 4 | Arabic | 206m (199 |
| 5 | Hindi | 180.8m (1991) (Khariboli dialect only) |
| 6 | Portuguese | 177.5m (199 |
| 7 | Bengali | 171.1m (1994) |
| 8 | Russian | 145m (2000) |
| 9 | Japanese | 122.4m (1985) |
| 10 | Standard German | 95.4m (1994) |
| 11 | Javanese | 75.5m (1989) |
| 12 | Telugu | 69.7m (1997) |
| 13 | Marathi | 68m (1997) |
| 14 | Vietnamese | 67.4m (1999) |
| 15 | Korean | 67m (1986) |
| 16 | Tamil | 66m (1997) |
| 17 | French | 64.9m |
| 18 | Italian | 61.5m |
| 19 | Western Panjabi | 60.8m (2000) |
| 20 | Urdu | 60.5m (1997) |
5 Comments
Sunday,11 May 2008 at 2:54 pm
Sopo kancamu sing kedanan Perancis?
Kalo sing kedanan itali,aku tau.hehehehhe
Masih bisa loh gw baca bahasa jawa,dan gw juga ngerti loh hahahhaha…..
Tuesday,13 May 2008 at 12:45 pm
hehe, cen ngomong ki penake nggo basa jawa kok ton! meh ning jogja, jakarta, pa batam…basa jawa tetep basa pergaulan :p
Tuesday,13 May 2008 at 12:58 pm
wah… mathuk temenan aku ton, pokoke jowo kie cen ra ono enteke.. monggo mas.. dados…
manteblah nderek bingah tenan aku, atase wong jowo iso klintingan tekan pucuking donyo kono,
wes sue ra monitor, koe dadi sangar ngunuw ton
salam seko ndeso gandul permai, cinere, depok yo le
Thursday,22 May 2008 at 12:09 pm
Kowe yo wis iso boso jowo tenanan to ?
Wah ampuh tenan ki….ngalah-ngalahne ki manteb lho ya…
Friday,11 July 2008 at 6:13 pm
Aku wes tau nyambut gawe ning ibukota pakde. Nek tiba wayah magrib, aku nggawe kopi ning ‘pantry’ njuk lungguh ning ngarep pos satpam kantor. Ngopi, udud SamSoe, sisan ngobrol karo satpam kantor, mas Samhudi sing asale Pekalongan.
Pegel jeh kang sedina ngomong nganggo “lo” lan “gue”. Kuwi ya mung kepekso kang, amarga yen aku nganggo basa kewan, kanca kantorku podo ora mudeng.
Leave a Reply